20 Juni 2010

"Mantra" Korupsi

Sun amathek ajiku ajian korupsi

Nedyo sugih bondo donya sarwo mbejaji

Ora geter telik sandi lawan cerenging jekso

Ora gigrik surak lan supataning sapepodho

Ora tedas tapak paluning hakim kang mbaurekso

Sluman Slumun Slamet

Ngupoyo lenaning kang andum kuwoso

Murih lancar nguras kas kayaning negoro

Hooooooo……..


Ajiku ajian korupsi

Mataku mata birokrat

Kupingku kuping tehnokrat

Lambeku lambe pejabat

Irungku irung pengamat

Dhadaku dhada malaikat

Sikilku sikil masyarakat

Wetengku kebak nikmat

Tanganku tangan konglomerat

Kebat Kliwat mbeburu berkat

Tansah gangsar ndonya akherat

Hoooooooo………


Ajian korupsi satuhu rapalku

Jaran goyang esemku

Semar mendhem caturku

Candramowo paningalku

Welut putih langkahku

Sadengah papan andhon laku

Adol guyu nyaring isu

Dalanku tansah lumintu

Sakkabehing referensi dadi gamanku

Sakkabehing bang dadi bangku

Hoooooooo……..


Ajiku ajian korupsi

Jimatku jimat kolusi

Tamengku tameng kongsi

Payonku payon proteksi

Papanku papan lisensi

Sedulurku koneksi sinorowedi

Citraku citra telepisi

Ugemanku nunggal sawiji

Status quo tansah lestari

Sun amatek ajiku ajian korupsi

Ajian sakti sang anak negeri

So pasti senantiasa is the best number siji

Maka merdekalah aku sampai mati

Hooooooo………..

(Sumber "Kitab")

0 komentar: